| PITAKON | Jinise geguritan ana loro,yaiku …. |
| WANGSULAN | Tradhisional lan modern |
| PITAKON | Uripe Manungsa (Dening: Kharisma L.W) Iki ana cerita ingkang rekasa Amarga kakehan dosa Ora gelem nindake dhawuhe agama Geleme mung nyusahake wong tuwa Ora iso nyukuri kang diparingi pencipta Isane malingi dhuwite tangga Surasane geguritan kasebut yaiku …. |
| WANGSULAN | Wong kakehan dosa ora gelem nindakake dhawuhe agama |
| PITAKON | Tembung geguritan asale saka tembung lingga gurit. Tembung gurittegese …. |
| WANGSULAN | Tembang utawa syair |
| PITAKON | Geguritan tradisional nduweni paugeran tertamtu, kejaba …. |
| WANGSULAN | Cacahing gatra ora gumathok |
| PITAKON | Pamilihing tembung-tembung endah ing sajroning geguritan diarani …. |
| WANGSULAN | Diksi |
| PITAKON | Ing ngisor iki kang ora kelebu titikane geguritan anyar yaiku …. |
| WANGSULAN | Lumrahe dipurwakani nganggo tembung sun gegurit utawa sun anggurit |
| PITAKON | Kang diarani geguritan bebas yaiku… |
| WANGSULAN | Geguritan modhern |
| PITAKON | Kang digatekake nalika maca geguritan, kajaba .… |
| WANGSULAN | Busana |
| PITAKON | Ngisor iki kang ora kalebu teks sastra, yaiku .… |
| WANGSULAN | Pawarta |
| PITAKON | Tembung dewa-dewi, putra-putri, kedhana-kedhini diarani tembung …. |
| WANGSULAN | Yogyaswara |
| PITAKON | Ana unen-unen menawa ajining dhiri gumantung ana ing lathi, dene ajining raga gumantung ing busana, lan ajining awak gumantung ana ing …. |
| WANGSULAN | Tumindhak |
| PITAKON | Teks kang gunane kanggo nggambarake objek kanthi cetha diarani teks .… |
| WANGSULAN | Deskripsi |
| PITAKON | Kang ora klebu jinising karangan yaiku …. |
| WANGSULAN | Ekstemporan |
| PITAKON | Karangan kang duweni ancas menehi pangaribawa diarani …. |
| WANGSULAN | Persuasi |
| PITAKON | Kang diandharake ana ing wacan deskriptif yaiku …. |
| WANGSULAN | Ngandharake papan |
| PITAKON | Paragraf kang ukara pokoke manggon ana ing ngarep, banjur kasusul ukara-ukara panjlentreh diarani …. |
| WANGSULAN | Deduktif |
| PITAKON | Miturut ahli basa Prof. Henry Guntur Tarigan, maca iku jinise ana 2, yaiku maca nyuwara lan …. |
| WANGSULAN | Maca ing batin |
| PITAKON | Maca ing batin kapererang dadi 2, yaiku maca intensif lan …. |
| WANGSULAN | Maca ekstensif |
| PITAKON | Kang ora kalebu kaprigelan dhasar maca yaiku …. |
| WANGSULAN | Kaprigelan tulis |
| PITAKON | Wangunan nganggo saka guru lan patang empyak/payon lan wuwungan ing tengahe yaiku …. |
| WANGSULAN | Joglo |
| PITAKON | Wangunan nganggo saka guru lan patang empyak nanging tanpa wuwungan yaiku …. |
| WANGSULAN | Tajug |
| PITAKON | Wangunan namung nganggo payon sasisih yaiku …. |
| WANGSULAN | Panggang Pe |
| PITAKON | Ragam basa jawa krama alus iku panganggone kang trep kaya ing ngisor iki, yaiku kanggo …. |
| WANGSULAN | Wong enom marang wong kang luwih tua, sipate ngajeni banget |
| PITAKON | Ukara ing ngisor iki jangkepana kanthi tetembungan kang trep manut unggah-ungguh basa. “Mas Beni, tinimbang . . . . wonten hotel, mangga sare . . . . kula mawon.” |
| WANGSULAN | Sare, griya |
| PITAKON | Bu Ais : Man, yen kowe lega mbok ibu jupukna tas neng ruang guru ya. Arman : . . . . Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku …. |
| WANGSULAN | Nggih, Bu. Sekedhap, kula pendhet ing ruang guru. |
| PITAKON | Tembung kang gunane kanggo nggantekake wong diarani tembung …. |
| WANGSULAN | Sesulih |
| PITAKON | Apa kang arane pawarta …. |
| WANGSULAN | Informasi anyar kang diandharake kanthi lisan utawa tulisan |
| PITAKON | Apa wae unsur-unsur pawarta kuwi …. |
| WANGSULAN | Apa, sapa, kapan, ing ngendi, geneya, kepiye |
| PITAKON | Nulis pawarta kudu nganggo tata tulis urutan utawa struktur kanthi tujuan supaya para pamaca …. |
| WANGSULAN | Ngerteni isine |
Learn to live, live to learn.